Penulisan ngengrengen teks pidato/sambutan dalam bahasa jawa ini bertujuan untuk nguri-uri kabudayan jawa dan sebagai tuntunan pembelajaran dalam "kita" berpidato bahasa jawa.
Teks pidato/sambutan bahasa jawa ini saya tulis atau sebagian copy dari sumber Paguyuban Suro Jenggirat (gumpang), tidak berati kami sengaja untuk menjiplak tetapi tujuan kami yaitu untuk melestarikan budaya khusus'nya budaya berbahasa jawa dengan santun dan benar.
"semoga bisa bermanfaat untuk kita semua, khusus'nya masyarakat desa pabelan dan sekitar'nya"
PASRAH PANINGSET
Assalamu'alaikum wr.wb.
Kula Nuwun,
Bpo.......... sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.
Sowan kula dipun saroyo Bpo......... kekalih,saking......... kadhawuhan matur hing ngarsa panjenengan.
Atur
hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo.........
kekalih,mugi katur Bpo......... sekalian,sinartan pamuji mugi
Bpo......... sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki.
Hingkang
kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong
hanggenipun Bpo......... kekalih,badhe mundut mantu putra estri
panjenengan pun Rr......... badhe kajodhokaken kalian pun Bg.........
anak jaleripun Bpo......... kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan
haningseti rembag sesambetanipun Rr......... kalian pun Bg.........
Kajawi
punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka
rerangkening paningset, mugi Bpo......... keparenga hanampi. Dene
menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula
hamung sumonggo hing keparengipun Bpo......... sekalian.
Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan.
Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.
Hing wasana cekap semanten atur kula,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun
NAMPI PANINGSET
Assalamu'alaikum wr.wb.
Bpo......... hingkang winengku ing karahayon.
Kula hingkang kapiji Bpo......... kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang.
Salajengipun
kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bpo......... sekalian,
Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo......... kekalih.
Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco,
Bpo.........
kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun
Bpo......... minangka Abon-Aboning paningset.
Dene
menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun Rr......... sarta
Bg......... sampun wonten hing pamurbanipun Bpo......... kekalih.
Salajengipun
kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih mugi
katur hing Bpo......... sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah
rahayuo hingkang sami pinanggih.
Mugi wonteno
keparingipun Bpo......... sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten
papanggihan tatacara ringkes hing.......... punika ngantos dumugi sapari
purnanipun.
Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha kirang runtuting anggen kula matur.
Kados cekap semanten atur panampi kula,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun.
PASRAH BADHE IJAB
Assalamu'alaikum wr.wb.
Kula nuwun,
Bpo.......... sekalian hingkang winengku ing pakurmatan.
Sowan
kula dipun saroyo dening Bpo......... kekalih, Hingkang wigatosipun
kinen hangaturaken salam wilujeng mugi katur Bpo......... sekaliyan
kanthi papuji rahayu wilujeng tansah nunggil hing Bpo.........
sakulawarga.
Kajawi punika kula kadhawuhan
hanyowanaken putra kakungipun ingkang nami Bg......... hingkang sampun
sami gumolonging nala, Mugi kaparenga kaIJAB nikahaken kalian pun
Rr.......... putrinipin Bpo......... sekaliyan.
Papujinipun Bpo......... kekalih mugi kalampahanipun sageto wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu saha kalis hing rubeda.
Hing wasana cekap semanten atur kula, kirang susila anggen kula sowan saha matur, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun.
NAMPI PASRAH BADHE IJAB
Assalamu'alaikum wr.wb.
Assalamu'alaikum wr.wb.
Bpo......... kula hangaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah para kadang pangaraking badhe penganten.
Salam wilujengipun Bpo.......... sakalian kula tampi,nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo.......... kakalih.
Hing salajengipun kaparenga kula tampi ugi, Bg.......... putra kakungipun Bpo.......... sakalian.
Tumuli mangke badhe kaIJAB khabulaken kaliyan Rr.......... putra estrinipun Bpo.......... kakalih.
Panjenengan
sakadang kaparenga kula suwun hajenengi sarta hangestreni murih rahayu
wilujeng tumapaking tatacara akhad nikah punika mangke.
Salam wilujengipun Bpo..........kekalih mangke mugi katur Bpo.......... sekaliyan kahiring puji rahayu.
Cekap semanten panampi kula,dene pinanggih kucuwo kula nyuwun gunging samodro pangaksama.
Wassalamu'alaiku wr.wb.
Nuwun.
PASRAH BADHE PANGGIH
Assalamu'alaikum wr.wb.
Kula nuwun,
Bpo.......... sakalian hingkang tansah winantu hing karahayon.
Sowan
kula sinaroyo Bpo.......... kekalih,hingkang wigatosipun kinen
hangaturaken salam wilujeng mugi katur Bpo......... sekaliyan, sinartan
papuji rahayu mugi Bpo.......... sakulawarga tansah hamangyo suka
basuki.
Hing salajengipun kula kadhawuhan
nyowanaken putra kakungipun Bpo.......... nami pun Bg.......... hingkang
sampun hanindhakaken akhad nikah kaliyan pun Rr.......... putrinipun
Bpo.......... sakaliyan.
Dene menggah kalampahing tatacara panggihing panganten, kula hamung sumonggo hing kaparengipun Bpo.......... sakaliyan.
Makaten atur kula,pinanggih kirangipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu' alaikum wr.wb.
Nuwun.
NAMPI BADHE PANGGIH
Assalamu'alaikum wr.wb.
Bpo.......... Langkung rumiyin kula ngaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah pangaraking panganten kakung.
Salam wilujengipun Bpo.......... sekalian kula tampi,nili badhe katur dhateng Bpo.......... kakalih.
Hing
salajengipun,panganten kakung pun Bg.......... kaparengna kula
tampi,dene menggah kalajenganipun tatacara panggih sampun wonten hing
pamurbanipun Bpo.........kakalih.
Mugi wontena
kaparengipun Bpo.......... .Dalah sapangaraking panganten kakung lenggah
paring puji pangetu mrih wilujengipun tatacara pahargyan ing wanci
punika.
Salam wilujengipun Bpo.......... kakalih
mugi kahaturna hing Bpo.......... sekaliyan kanthi papuji mugi tansah
rahayu hingkang pananggih.
Makaten atur panampi kula,menawi pinanggih kuciwa kula nyuwun lubering samodro pangaksama.
Wassalamu'alaikium wr.wb.
Nuwun.
PASRAH MANTEN NGUNDUH MANTON
Assalamu'alaikum wr.wb
Kula nuwun,
Bpo.......... ingkang winengku ing karahayon.
Saderengipun kula matur esthining sedya, langkung rumiyen netepi,nglenggono,ngrumaosi jejering titah uatwi umat,mboten kendhat-kendhat tansah munjukaken Puja Puji Syukur ing ngarsaning ALLAH Ingkang Murbeng Jagad,mugi peparinging Rokhmat wujud pinten-pinten raos nikmat ing antawisipun,wanci punika panjenengan kula ginanjar bagas waras kiat.
Bpo.......... hingkang winengku hing suka basuki.
Sowan kula dipun saroyo Bpo.......... saperlu :
1. Ngaturaken salam wilujengipun Bpo......... sekaliyan,katur Bpo.......... sekaliyan.
2. Nglarapaken penganten ingkang punika sampun jangkep sajodho,awit sampun katindakaken ijab,pangih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun rikala dinten.......... surya kaping.......... pinaringan wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana widada nir ing sambekala.
Ingkang salajengipun sapunika kula pasrahaken borong hanggenipun ngendikani,mituturi,mbebolehi,ndidik,nggula wenthah mrih lestari,widada anggenipun jejodhoan sageta mbangun bale wisma ingkang sakinah,mawa'dah,warrokhmah,antuk ridhaning ALLAH Hingkang Maha Mirah,tansah rukun,atut runtut,wohing atut mugi pinaringan putra ingkang dados tetangsul langgeng tutug trah tumerah lantaran turun anggenipun bebesanan.
Cekap semanten atur kula,tumrap kiranging atur, kula sapangombyong nyuwun agunging pangaksama.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun.
PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH
Assalamu'alaikum wr.wb
Kula nuwun,
Bpo.......... hingkang winengku hing karahayon.
Saderengipun
kula matur,mugi sih wilasa-wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung tansah
hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan.
Kula hingkang kasaroyo Bpo.......... sekaliyan,
Hingkang
sepisan,kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bpo..........
sekaliyan mugi katur dhumateng Bpo.......... sarimbit dalasan
kulawangsanipun.
Hingkang kaping
kalih,kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung hingkang hasesilih
Bg.......... putra saking Bpo.......... sekaliyan,mugi kadhaupna kaliyan
Rr.......... putra putrinipun Bpo.......... sekaliyan.
Gegandhengan panganten kakung sampun mangagem busananing keprabon,lampahing tatacara panggihing panganten kula sumanggakaken.
Namung
atur uninga,sapari purnaning tatacara panggihing
penganten,Bpo.......... sarimbit dalasan kulawarga badhe mertuwi putra
hingkang kapahargya wanci.......... punika.
Makaten
hatur pasrah kula,dene kula hingkang kadhawuhan matur,kula nglenggana
kathah atur ingkang mboten damel sarjuning panggalih kula nyuwun
pangapunten.
Nuwun,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
NAMPI PASRAH PANGANTEN KAKUNG
Assalamu'alaikum wr.wb
Bpo.......... hingkang tinanggenah hanglarapaken panganten kakung.
Kula
hingkang kadhawuhan Bpo.......... sekaliyan hanampi pasrah
panjenengan,kalilaana kula ngaturaken salam wilujeng rawuh
panjenengan,hawit kasembadaning karya,temah saget mboyong penganten
kakung kanthi raharja kalising rubeda ing lampah.
Kula tampi salam wilujengipun saking Bpo.......... sekaliyan,mangke badhe kula aturaken ingkang kawogan.
Ugi mboten kesupen salam wilujengipun Bpo.......... sekaliyan mugi ka'aturna dhumateng Bpo.......... dalasan kulawarga.
Ingkang
salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung kula tampi kanthi
bingahing manah,tumuli badhe katindhakaken lampahing tatacara panggihing
penganten.
Dhumateng panjenengan
saha pangaraking penganten kakung,kula suwun keparenga lenggah wonten
palenggahan ingkang sampun kasamekta'aken,saperlu hanjenengi wontenipun
pahargyan hing wanci.......... punika.
Semanten atur kula,hawit saking sedaya kalepatan kula nyuwun samodraning pangaksama.
Nuwun,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTON
Assalamu'alaikum wr.wb
Kula nuwun,
Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan.
Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih linimputan ing karaharjan.
Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos.
Salajengipun
mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung
punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.
1. Kula nuwun,
Pambage
wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging
katarimah dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi
utawi hangestreni Ijab kalajengaken panggihing penganten, Rr..........
kadhup angger Bg.......... ,sampun kalampahan wilujeng sepen ing
sambekala.
Ingkang punika kula
suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya
widada jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug
terah tumerah ingkang sami bebesanan,kanthi tetangsul turun tan
hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun.
Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma.
2. Kula nuwun,
Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun.
Nanging
panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung
kasumanggakakening Pangeran Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa
ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring budinipun para
lila-legawa ing penggalih.
Wasana
tumrap kirang jangkeping suba-sitanipun ingkang hatur-hatur kersa-a
halapang jaja,kanthi ngluberaken samodra gung pangaksama.
Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti RAHAYU WILUJENG WINANTU ING SUKARENA.
Nuwun,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
PAMBAGYA HARJA
Kawilujengan,katentreman sih wilasa
lan nugrahaning Gusti Kang Maha Kawasa,mugi tansah kapatedhakna
dhumateng kula sadaya ing pahargyan.
Kula nuwun,
Assalamu'alaikum wr.wb.
Saderengipun katuraken esthining
sedya,keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu sadaya,mboten
kendhat-kendhat munjukaken puja-puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang
Murbeng Jagad.
Awit peparing
rakhmat,wujud pinten-pinten raos nikmat,ing antawisipun ing wanci punika
panjenengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat.
Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Kula hingkang kasarayo Bpo.......... kalilanana kula matur,
1.
Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun,awit kepareng
panjenengan sampun kersa rawuh ing papan pahargyan
punika,mituruti-minangkani panyuwunipun Bpo.......... , Milo mboten
mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari
kaeroban seganten madu,bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun.
2.
Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang
awujud punapa kemawon,sampun katampi kanthi bingah katarimah ing
manah,mugi dadosa ngamal kasaenan panjenengan lan angsala ganjaran
ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad.
3.
Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih,sanak kadang,mitra sutresna
ingkang paring pambiyantu,panyengkuyung arupi bahu-suku,panggalihan,eguh
pratikel.rerigen lan sanes-sanesipun mrih rancak,lancar,regeng
kaleksananing pahargyan punika.
Para tamu ingkang winengku suka basuki.
Kaperluan
ing dinten punika kados sampun kaserat ing serat sedhahan,
Bpo.......... kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun
ingkang anama Rr.......... kadhaup Bg.......... putranipun
Bpo/Ibu.......... ing.......... .
Kaleksanan
IJAB,panggih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahating
Gusti ALLAH Ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu
kakung-putri,ginanjar wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana
nis ing sabekala.
Salajengipun
nyuwun tambahing pangestu para tamu,mugi-mugi pengenten kekalih tansah
rukun,runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya,tansah runtut
atut,wohing atut pinaringan patutan putra ingkang hanung-hanindhita.
(tegesipun putra hingkang sae lahir batosipun,nyenengaken tiyang
sepuhipun,migunani bebrayan nusa-bangsa lan agaminipun).
Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena.
Niyating manah lan panjangkah,tansah mbudidaya panampi kula,mugi para tamu karenan ing driya.
Ewadene
kok inggih wonten kemawon kekiranganipun,wiwit atur sedhahan ingkang
mboten trep asma-sesebatan,kalenggahan lan sanes-sanesipun,boja lan
suba-sitanipun.
Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten.
Ing
wasana kula piyambak kiranging tatakrami,nalisiring kasusilan ingkang
jalari kirang renaning panggalih,kasuwun halapang jaja hangluberaken
agunging samodra pangaksama.
Nuwun,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Penulis : Raden Tumenggung Wahyou Dipuro
Posting Komentar